Cari Blog Ini
Konten ini berisi materi bahasa Jawa yang dapat dijadikan referensi untuk bahan ajar dan materi untuk jenjang SMP-SMA
Unggulan
- Dapatkan link
- X
- Aplikasi Lainnya
Label
GAMELAN JAWA
EKSPOSISI GAMELAN JAWA
Pepanggihan iki ngrembag teks eksposisi gamelan tradhisional jawa. Sampeyan sedaya tau ngrungokae campursari utawane lagu jawa nalika nang skolahan. Piranti gamelan jawa kudu lengkap supayane ngasilake musik sing pas lan endah. Carane nabuh gamelan kudwi ditabuh , digesek lan di sebul.
Wong sing nabuh gamelan diarani niyaga, lan wong sing nembang diarani sindhen. tabuhan gamelan ora mung di anakake ana ing seni swara lan pagelaran wayang. Nanging uga di anakake ana ing ing adicara resmi. mula kuwi awake dhewe kudu nyinauni babagan gamelan jawa iki supaya budayane dhewe ora uwal saka jati dhirine wong jawa. wong jawa kuwi Andhap asor, nduweni budi pekerti sing luhur, wani ngalah luhur wekasane.
Kawruh babagan teks eksposisi
Teks eksposisi yaiku teks kang isine pangrembakan paragraf dene surasane kanthi ancas menehi katrangan kang cekak akurat lan padet. Tuladha seratan eksposisi yaiku seratan resep masakan ing majalan utawa pituduh nganggo piranti.
Karangan eksposisi minangka karangan kang nduweni ancas kanggo menehi informasi karo babagan apa bae saengga miyarake panemune pamaos. Karangan eksposis nduweni sifat ngilmiah/non fiksi. Sumber karangan bisa pikoleh saka kasile pengamatan, panaliten, uga pengalaman. Paragraf ing eksposisi ora tansah kaperang ing bageyan-bageyan pambuka, pengembangan lan panutup. Bab minangka kuwi gumantung sekang sipating karangan lan ancas/tujuan kang bakal ginayuh.
Poin kang wigati ing karangan eksposisi :
A. Topik-topik ing karangan eksposisi
- Data faktual, tegese bener-bener kedadeyan, ana lan bisa asipat historis magepokan karo kepriwe carane sawijining alat makarya lan kanggo gawe, kepriwe sawijining prastawa bisa kedadeyan lan sapanunggalane.
- Sawijining analisis utawa penafsiran objektif marang sawijining fakta.
- Fakta kang magepokan karo sawijining pawongan kang nduweni keyakinan kang teguh.
B. Tuladha urutan analisis paragraph eksposisi
- Urutan kronologis/proses. Biasane nulisake proses sawijining kang urutaning panggaweyan utawa kedadeyan (dumadining prastawa).
- Urutan fungsional.
- Urutan sebab akibat.
- Analisis perbandingan.
C. Langkah-langkah nulis karangan eksposisi
- Nemtokake tema.
- Nemtokake tujuan/ancas karangan.
- Milih data sing cocok karo tema.
- Nggawe kerangka karangan.
- Ngembangna kerangka dadi karangan kang utuh.
D. Langkah-langkah nggawe paragraf
Pola ngembangkake paragraf eksposisi bisa paragraf maneka warna, watara liya ana pola pengembangan paragraf proses kuwe ngemot wangsulan sekang pitakonan kepriwe makaryane, kepriwe carane makaryane (nggawe bab sing kaya minangka kuwe) kepriwe barang bisa kasusun, kepriwe bab kang mangkana bisa dumadi.
Ana uga paragraf definisi, paragraf perbandingan, paragraf klasifikasi, lan paragraf ilustrasi (contoh utawa tuladha).
Ing ngisor kiye cara penulisane :
- Panulis kudu mangerteni peprincine kanthi sekabehane.
- Mbagi lan milah perincine sekang tahap-tahap kedadeyane.
E. Ciri-ciri paragraf eksposisi
- Ngemot ide utawa gagasan lan panemune panulis ngenani masalah tartamtu nanging tetep objektif.
- Nduweni ancas nambah pengetahuan pamaca
F. Jenis-jenis paragraf eksposisi
- Paragraf eksposisi definisi.
- Paragraf eksposisi proses.
- Paragraf eksposisi ilustrasi.
- Paragraf eksposisi klasifikasi/pengelompokan.
- Paragraf eksposisi perbandingan/pertentangan.
- Paragraf eksposisi laporan.
- Sumber : Modul bahasa jawa kelas XII
Komentar
Umi maola XII MIPA 3 hadir pa
BalasHapusDwi anjani xllmipa3
BalasHapusAnggari Dewi Pratiwi XII IPS 1 hadir
BalasHapus