Cari Blog Ini
Konten ini berisi materi bahasa Jawa yang dapat dijadikan referensi untuk bahan ajar dan materi untuk jenjang SMP-SMA
Unggulan
- Dapatkan link
- X
- Aplikasi Lainnya
Label
MATERI BUDAYA MANTU BAHASA JAWA
MATERI BUDAYA MANTU
Budaya utawa kabudayan asale saka sansekerta yaiku buddhayah, wujud jamak saka tembung buddhi (budi, daya utawa akal) ditegesi bilih minangka asil lan akale manungsa. buda Jawa bisa ditegesi asil budi, daya lan akale manungsa ing tanah jawa. ing kene ora bakal ngrembug bab pangerten budaya sing kanthi jangkep nanging mligi bakal nyinauni bab budaya mantu jawa.
Budaya Jawa ana merga pakulin an manungsa sing di lakoni turun-tumurun kanggo nglestarekake pakulinan wong biyen. Supaya ora ilang jati dhirine masarakat Jawa sing ana ing ritual utawa upacara adata sing dilakokake masarakat jawa mliginipun.
salah sijine adat jawa sing dilakokake turun tumurun yaiku upacara adat mantu jawa.
Rantamaning upacara umume diadadni neng daleme penganten putri , lan sing dadi penyelenggara utawa tuan umah yaiku wong tuwa utwa kaluwarga putri nanging tetep dibantu kaluwarga penganten kakung. rantamaning upacara mantu Jawa saben daerah beda-beda.
Urutane acara Budaya Mantu Adat Jawa
- Nontoni tegese penganten putri isish sela lan wong tuwane sarujuk, wong tuwane bocah lanang banjur medhayoh menyang omahe calon penganten putri. Utawa nemokake wong lanang karo wong wedok utawa wong sing arep di jodohake supaya padha-padha ngerti kahanane.
- Lamaran yaiku wong tuwane calon temanten kakung teka ana omahe temanten putri kanggo nembung supaya dilamarake utawa mingit temanten wedok. perkara ijab qobul kuwi dirembug penganten kekalih.
- Pasang Tarub yaiku msang tarub utawa masang tratag 3 dina sakdurunge temouking gawe. Tegese tandha resmi nek arep hajat mantu.
- Pasang Tuwuhan yaiku 1. Gedhang raja tegese supaya nduweni pamikir sing dhewasa lan mapan penggalihe, 2. Tebu Wulung tegese urip sarwa maning, 3. Cengkir gadhing tegese kandhutan jabang bayi utawa nduweni keturunan, 4. Ron randu lan pari sewuli tegese sandhang lan pangan, 5. Godhong apa-apa tegese pangayoman lan uwal saka alangan/rubeda.
- Srah-srahan yaiku ing acara iki kluwarga kakung ngaturake tetukon kang ancase bisa mbiyantu angone bakal duwe gawe mantu. Biasane sinebut Asok Tukon.
- Ijab qobul
- Upacara Panggih dilampahake sakwise ijab qobul. Bisa ditindakake ing dina kasebut uga bisa dilaksanakake ing dina liyane. Acara iki nggunakake kembang mayang kang ancase kanggo tandha yeng penganten kakung lan putri bakal sah dadi jodhone.
- Upacara balangan suruh yaiku tatacara minagka tandha kasetayning pinanganten
- Upacara wiji dadi yaiku tatacara penganten kakung ngidak endhog piti nganti pecah, abnjur panganten putri ngumbah ngresiki samarane penganten kakung nganggo banyu kembang. Uacara iki minangka pralambang yen penganten kakung kudu tanggung jawab arang kaluwarga.
- Sinduran yaiku tatacara iki kalampahake dening wong tuwa penganten putri minangka tandha yen penganten kakung wis ditampa kanthi iklas dadi perangan kaluwarga
- Botot Timbang yaiku tatacara penganten sakloron lungguh neng pangkone bapake pengaten putri.
- Kacar kucur yaiku wujude tanggung jawabe penganten kakung aweh nafkah marang penganten putri
- Dhahar Klimah yaiku nduweni makna bilih penganten sakloron bakal nglakoni urip susah lan seneng bebarengan
- Mertui yaiku Wng tuwane penganten putri methuk wong tuwane pneganten kakung ana ing ngarep tumuju ing resepsi
- Sungkeman yaiku wujud bektine anak karo wong tuwa loro yaiku sungkem kanthi cara tumungkul
- Kenduren utawa resepsi.
Tatacara Siraman
Sedina sedurunge tempuking gawé, dianakake tatacara siraman kang pamrihe (tujuane) supaya calon pengenten loro-lorone bisa suci lair batine, ilang rereged rekating awak lan ati sarta kabèh alangane, Tatacara ing siraman iku nganggo dodol dhawet. Iki duwé pralambang lan pangajab supaya ing upacara dhaupe pengenten suasanane bisa rengeng.
- Sing Dodol Dhawet
Ibune penganten putri, déné bapake mayungi ibune, karo nyeyuwun ing ngersane Gusti Kang Maha Agung, muga-muga uripé calon penganten bisa sesrawungan karo liyan lan seneng dedana. Sing nukoni dhawet ya iku para tamu lan dhuwite kanggo tuku nganggo dhuwit kreweng/wingko (pecahan gendheng)
- Wardine (tujuane) dodolan dhawet ya iku:
Wong omah-omah iku lanang wadon nggayuh jejege bale wisma (bale omah), supaya tundhone padha-padha marem ing ati (ayem, tentrem,bahagia)
- Wardine Dhuwit Kreweng
Kreweng (pecahan gendheng) iku digawé saka lemah, amarga manungsa iku asalé ya saka lemah kan lantaran bapa biyungé, asalé saka Allah.
Wardine Kembang Mayang
Dianggo panyuwunan amrih lakuning penghargyan bisa rahayu slamet ora ana alangan apa-apa.
- Kembar Mayang Iku Ono Loro
Werdine kang siji kanggo pralambang lanang, lan sijiné manèh kanggo pralambang wadon (putri), supaya panganten loro-lorone bisa kembar tresna, lan kembar cipta, rasa lan karsane
- Janur Kuning
Janur saka tembung Jan+Nur Nur tegesé cahya Jan tegesé sak nyatane utama sakbenere Dadi janur tegesé cahya sajati kang diparingake gusti kang maha Agung.
- Wardine Janur Kuning
Supaya pengenten sarimbit tansah éntuk cahya sajati saka Gusti, kang awujud perentah (wewarah) lan ngedohi larangane agama, supaya dadi kulawarga sakinah.
Werdine Pisang Raja Kang Wis Suluh
Supaya bisa duwé wataking raja, ya iku tansah tanggung jawab, berbudi bawa lksana, tresna asih marang kluwargane, lan suka dedona, ing tembene bisa dadi tepa-tuladhaning sapdha-padha
Cengkir Gadhing
Ing sajeroning cengkir gadhing iku isi banyu kang wening. Muga tresnane penganten kaloro tilambaran weninging cipta rasa lan karsa satemah uripé atutruntut rerentengan, golonganing budi saekapraya ing pakarya, saekapti ing pakarti.
Tebu Wulung
Yèn dijarwakake tebu: antebing kalbu Kalbu: ati, galih Dadi werdine tebu wulung ya iku manunggaling temanten sarimbit satuhu linambaran antebing ati lan dipangestuni marang para pinisepuh, sesepuh kadang lan sanata. Tebu wulung iku tebu kang kuwat (santosa) tegesing kasantosaning brayat (kulawarga) bisa digayuh manawa linambaran tresna kang suci.
Pari Sak Wul
Werdine supaya pengenten sakloro bisa tansah kecukupan ing pangan (boga), seneng nandur kabecikan, lan diparingi anak sarta ngajeni marang liyan.
Kembang lan Wohing Kapas
Werdine kembang kembang iku dadi pepenging wong akèh. Muga-muga penganten sarimbit dadi pepengene wong akèh amarga uripé ayem tentrem, bagya mulya.
Werdine Kapas
Supaya pengentin sakloro tansah kecukupan ing sandhang. Godhong apa-apa lan suket alang-alang Minangka pralambang manawa tumpaking gawé saka wiwitan tumeka ing rampunging gawé bisa kaleksanan kanthi lancar, slamet, ora ana alangan apa-apa.
Godhong Kaluwih lan Godhong Waringin
Minangka pralambang supaya uripé penganten sakloron tansah pinaringan kaluwehan sandhang pangan sarta wibawa, lan dadi pangayoman tumpraping liyan, luwih-luwih marang sanak kadhang lan kanca (mitra)
Jeneng ageman anggon-anggon wiwit saka sirah, tangan, tekan sikil (suku) yaiku:
- Blangkon yaiku : iket kang bisa ditata lan didandani kari nganggo
- Beskap yaiku : Klambi saemper jas cekak
- Jarik yaiku : Kain amba wuju bathik kanggo tapihan (jarikan)
- Sabuk dinggo ngubengi awak neng awak utawa fungsine kanggo ngencengane tumempeling sinjang. Maksude supaya manungsa kudu kerja kanthi temenan.
- Epek nduweni teges yaiku apek, golek, nggoleki, tegese awake dhewe kudu nggoleki kawruh kang migunani
- Timang yaiku praambang menawa ngelmu sing ditempuh kudu dipahami sing gamblang supaya ora ndadekake rasa was sumelang
- Wiru yaiku: Lempitan kanggo jarik
- Wiru kanggo putri cacahé: 6 utawa genep
- Wiru kanggo kakung cacahé: 7 utawa ganjil
- Canela nduweni teges canthena ana ing ati
Keris
Gaman (pusaka) khas wong jawa. Wong kang ngagem busanan kejawen, karo nyengkilit keris ing geger, iku ngemu teges nengenake watak satrya.
Komentar
Posting Komentar