Langsung ke konten utama

Unggulan

MATERI SESORAH KELAS XI/FASE F

                        MATERI SESORAH 

    Sesorah jaa ing jaman saiki ora narik kawigaten para mudha, jalaran akeh basa basa rinengga utawa basa sing diapaik-apiki, mligine ing sesorah mantenan, kang wis ora di mangerteni dening kawula mudha. anane sesroah jawa ing upacara dat jawa mligine suwe-suwe bisa sirna menawa ora dijaga lan dilestraekake. 
    Kanggo ngawekani supaya sesorah basa jawa bisa dimangerteni lan tetep lestari mula sesorah basa jawa dilebokake ing piwulangan Jawa. Sesorah basa jawa yaiku ngandharake sawijining gagasa ing sangarepe wong akeh lan nduweni ancas tinamtu.

1. Titikane Sesorah
    a. Ngandharake sawijining gagasan
    b. Kandharake kanthi lesan
    c. Ing sangarepe wong akeh
    d. Nduweni ancas tinamtu

2. Struktur Sesorah

·    PAMBUKA

1. Salam pambuka
Ana ing salam pambuka bisa ndadekake wong sing ngawiti sesorah bisa mbukak wiwitaning tanggap wacana kanthi uluk salam tumrap audiens. 
Tuladhane : Nuwun, Sugeng enjing, Sugeng siyang, Assalamu'alaikum

2. Atur Pakurmatan
Ana ing atur pakurmatan, wong sing kajibah dadi panatacara bisa ngajeni tumrap audien utawa pamireng utawa pamiyarsa. 
Tuladhane: 
Ingkang dhahat kinurmarmatan bapak kepala dhusun
ingkang kinurmatan bapak Kyai 
Ingkang kula urmati bapak .... minangka pengasuh masjid
Ingkang kula urmati ugi para rawuh kakung miwah putri, saha..
Kawula mudha mudhi ingkang tansah bagya mulya.
Ana ing perangan atur pakurmatan kuwi kudu nggatekake pangkat kang rawuh ana ing adicara yaiku kayata dhahat kinurmatan, dhahat pinundhi, dhahat kinabekten. lsp

3. Atur Puji syukur

Ana ing perangan atur puji syukur yaiku ngonjukaken raos syukur dhateng Gusti Ingkang Maha Kuwaos kang sampun maringi kasarasan, kawilujengan, karaharjan. Saengga saged kempal manunggal ing ndalu menika kalis ing rubeda.

SURASA
Ing perangan iki bab kang kudu dirembug yaiiku kudu cekak aos, mergane biasane menawa tanggap wacana kok kesuwen ora digatekake dening pamiyarsa. Kejaba sing kajibah kuwi bisa nggawe grengsenge adicara. Mula kuwi bab iki kudu diandharake kanthi cetha singkat wae.

PANUTUP

Dudutan

Ana ing perangan iki diandharake kanthi mbaleni bab kang wis diandharake. amarga wng sing biasane durung mangertrti kanthi cetha. mula kuwi kudu diwenehi dudutan.

Pangarep-arep

Ana ing perangan iki ngandharake bab kang dipangajabi saka wiwitaning adicara mugi  paripurnaning adicara supaya pikantuk berkah lan karaharjan

Nyuwun pangapura

Ana ing perangan iki pambiwara ngaturake pangapura dhateng sedaya para rawuh bilih anggenipun matur kathah kekirangan lan ugi kathah kalepatan. Uga saged ngandharaken pangapunten awit saking papan palenggahan lan pasugatan menawi boten trep kaliyan ingkang dipunkersakaken dening para rawuh.

Salam panutup

Perangan iki ngandharake atur salam kangge panutuping sesorah.


3. Tujuan sesorah
    a. Kanggo menehi pamgerten utawa kawruh
    b. Kanggo menehi kabar utawa informasi marang wong liya
    c. Aweh panglipur
    d. Mbujuk supaya pamireng melu apa kang diandharake dening pambiwara

4. Metodhe sesorah
    a. Naskah yaiku kanthi maca tgeks sesorah
    b. Esktemporan yaiku kanthi nggawa catetan cilik utawa intine sesorah
    c. Apalan yaiku sesorah kanthi cara ngapalake luwih dhisik
    d. Impormptu yaiku sesorah sing ora nganggo persiapan luwih dhisik utawa spontan

5. Jinising sesorah
    a. Sabdhatama Yaiku pambiwara kang ngandharake bab bab kautaman utawa kabecikan (sesorah
        tunggal) biasane ana ing khotbah utawa ular ular temanten
    b. Tanggap Wacana yaiku pambiwara kang kajibah sambutan, biasane ana ing adicara resmi kayata 
        sambutan ketua panitia lan liyane
    c. Pambagyaharja yaiku pambiwara kang kajibah nyambut rawuhe tamu utawa dadi panatacara.

Komentar

Postingan Populer