Langsung ke konten utama

Unggulan

MATERI TEMBANG POCUNG


TEMBANG POCUNG 

    Serat wedhatama kuwi salah sijine ana karangan tembang macapat utawa pupuh macapat utawa bagian macapat. 
    Tegese Pupuh yaiku jinising tembang. Menawa Pada yaiku araning cacah tembang macapat saben salagu saka wiwitan tekan pungkasan.Pocung (ana kalane tinulis pocong) iku tembang macapat kang ngelingake marang pepati. Pocung cedhak karo tembung Pocong. Kaya pralambang mori kaggo mbungkus layon, Pocung dienggo tembang kang bisa ngelingake marang manungsa yen urip neng dunya ana pungkasane.
    Ananging pocung ugi nduwe teges liya. Wanda cung uga marai gawe rasa seger di enggo tembang tembang kang uga lucu, kayata parikan utawa bedhekan. Mula tambang pocung kajaba nggambarake layon di pocong, uga nduweni watak sakepenake utawa kendho. Pupuh pocung iku nduweni 15 pada. 

Coba gatekna ing ngisor iki!

Pada 1
Ngelmu iku, Kelakone kanthi laku
Lekase lawan kas
Tegese kas nyantosani
Setya budya pangekese dur angkara
        Gancaran 1
        Ngelmu iku bisa kagayuh yen di lakoni
        Kawiwitan kanthi niat
        Bisa gawe sentosaning diri pribadi
        Bisa ngasorake tindak angkara


Pada 2
Angkara gung, Neng angga aggung gumulung
Gogolonganira
Triloka lekere kongsi
Yen di umbar ambabar dadi rubeda
    Gancaran 2
    Nepsu angkara kang gedhe
    Jroning driri pribadi bakal saya ndadi lan ngrembaka
    Olong golong anut jenise
    Ngrembaka saindheng ing jagad
    yen di umbarake bakal dadi memala


Pada 3
Bada lamun, Kang sus sengsem reh ngasamun
Semune ngaksama
Sasamane bangsa sisip
Sarwa sareh saking mardi martotama
    Gancaran 3
    Beda kalawan kang wus ngerti marang dhiri pribadi
    Sugih ing pangapura
    Marang pepadha kang luput
    Supaya sabar lan berbudi ing saben wayah


Pangertene lan maknane tembang Pocung

    Miturut maknane tembang Pocung iku nggambarake mangsa nalika wis dipocongutawa mati. Struktur tembang macapat wonten 3, inggih punika:

  • Guru gatra inggih punika cacahing gatra/baris saben sapada/bait.
  • Guru lagu inggih punika tibaning swaraing pungkasaning gatra/baris.
  • Guru wilangan inggih punika cacahing wanda/suku kata saben sagatra.

        Pathokan tembang Pocung Guru Wilangan, Guru Lagu, Guru Gatra, 12u 6a 8I  12a 

Watak tembang  Pocung
       Tembang  pocung  iku  sakepenake  dhewe/  luwes,  lucu  lan  gawe  seneng.  Mula biyasane  kanggo  ngandharake bab-bab  kang  ora  serius   lan   bisa  gawe  gegojegan. Surasane kala mangsane ngemot cangkriman utawa banyolan (crita kang ngguyukake). Wos kang kamot ing tembang Pocung (wedhatama)

       Serat  wedhatama  ngajarake  supaya  manungsa  iku  bisa  ngendhaleni  angkara  murka, amarga yen sikep kang kaya mangkono ora dikendhaleni bakal nuwuhake perkaraIng  perangan  liyane  Serat  Wedhatama  uga  mulangake  babagan  nggayuh  ngelmu luhur. 
Diandharake  lamun  wong  kang  kepengin  entuk  ngelmu  iku  kudu  gelem ngupadi kanthi tenan.

Tuladha tembang Pocung

   6    6    5 3  1  1  1  2   6    6   5  3

Ngelmu  iku  kalakone kanthi  laku

1   2  6  3   2    1

Lekase lawan kas

1   2  1  3     2    1  2 16

Tegese kas nyantosani

 6    1   2   3    2   2  1  6      3   5    3  2

Setya budya pangekesing dur angkara  

Komentar

Postingan Populer